Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan, Kepala SMA
Tunas Harapan
Ingkang kawula hormati, para dwija,
staf karyawan lan komite SMA Tunas Harapan
Ingkang kawula tresnani, sedaya
rencang lan kakak-kakak kelas SMA Tunas Harapan
Langkung rumiyin, sumangga
kawula lan panjenengan sedaya ngunjukaken Syukur dhumateng Gusti Allah Maha
Agung, ingkang sampun angluberaken nikmat kasarasan sahingga kawula lan panjenengan
sedaya saged makempal wonten ing adicara mengeti dinten sumpah pemuda punika
kanthi mboten wonten alangan punapa.
Sholawat lan salam
mugi-mugi tansah kita sedaya kunjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW,
mugi-mugi kawula lan panjenengan sedaya pikantuk safangatipun ing yaumul
kiyamah. Aamiin.
Para rawuh
ingkang dirahmati Allah,
Keparenga, kawula
maosaken pranata adicara wonten ing wekdal enjing punika :
1.
Ingkang
sepindah inggih punika pambuka.
2.
Ingkang
kaping kalih inggih punika silihan saking kepala sekolah.
3.
Ingkang
kaping tiga inggih punika silihan saking ketua OSIS.
4.
Ingkang
kaping sekawan inggih punika silihan saking ketua panitia.
5.
Ingkang
kaping gangsal inggih punika panutup.
Para rawuh ingkang kawula
hormati,
Adicara ingkang sepindah
inggih punika pambuka. Kangge mbikak adicara punika, sumangga kita sedaya maos
Basmallah sareng-sareng…. Mugi-mugi waosan Basmallah saged nglancaraken adicara
punika.
Para rawuh
ingkang kawula hormati,
Adicara
ingkang kaping kalih inggih punika silihan saking kepala sekolah. Dhumateng Ibu
Fina Khimayatuna S.Pd, wekdal saha papan panggenan kawula aturaken….
Kawula aturaken agungin panuwun dhumateng Ibu Fina ingkang sampun kersa paring silihan.
Kawula aturaken agungin panuwun dhumateng Ibu Fina ingkang sampun kersa paring silihan.
Para rawuh
ingkang kawula hormati,
Adicara
ingkang kaping tiga inggih punika silihan saking ketua OSIS. Dhumateng Abdul
Hakim Al-Ashar, wekdal saha papan panggenan kawula aturaken…. Kawula aturaken
agunging panuwun dhumateng Abdul Hakim ingkang sampun kersa paring silihan.
Para rawuh
ingkang kawula hormati,
Adicara
ingkang kaping sekawan inggih punika silihan saking ketua panitia. Dhumateng
Atika Nurmalitasari, wekdal saha papan panggenan kawula aturaken.… Kawula
aturaken agunging panuwun dhumateng Atika ingkang sampun kersa paring silihan.
Para rawuh
ingkang kawula hormati,
Adicara
ingkang kaping sekawan inggih punika panutup. Adicara lan adicara sampun kita
lampahi sedaya. Kangge nutup adicara punika, sumangga kawula lan panjenengan
sedaya maos Hamdallah sareng-sareng…. Mugi-mugi, adicara ingkang kita lampahi
wonten ing wekdal enjing punika saged ditampi kaliyan Gusti Allah. Aamiin.
Minangka
pupating atur, mbok bilih anggem kawula taksih kathah cicir cewet kuciwaning
atur, kawula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar